Home » » Khotbah Jumat Bahasa Jawa - Bab Shalat Jumat

Khotbah Jumat Bahasa Jawa - Bab Shalat Jumat

Khotbah Jumat Bahasa Jawa - Bab Shalat Jumat

Hadirin sidang jum’ah ingkang minulyo, monggo kita tansah muji syukur lan ningkataken taqwa kita dumateng Alloh SWT. dalamarti ngelampahi sedaya dawuh-dawuhipun lan nebihi sedoyo awisan-awisanipun, kados dene ngelampahi sholat jumat wonten ing saat puniko.

Khotbah Jumat Bahasa Jawa

Keranten hal puniko jumbuh kaliyan dawuhipun Alloh SWT. wonten ing Al-Qur’anul Karim surat Jum’ah ayat : 9-10.

“Hai wong – wongkang wus podo iman nalikane wus den undang siro krono arahe sholat soko dino jum’at mongko cepet-cepet siro eling marang gusti Alloh ,lan ninggalo siro kabeh ing dol tinuku ,krono kang mengkono iku luwih bagus kedue siro kabeh lamun siro iku wong kang podo ngerti . Mongko tatkalane wus rampung  sholat ,mongko gumelaro siro kabeh ing ndalem bumi lan nupriho siro kabeh soko kanugrahane  Alloh ,lan ilingo siro kabeh ing Alloh kelawan saakeh-akehe ,supoyo siro kabeh iku dadi wongkang podo bejo”.

Sak lajengipun punopo kito namung nglampahi sholat jum’at lan kito namung pikantok piwales / ganjaranipun anggen kito sholat jum’at?

Hadirin ingkang  kaulo hormati ,saestunipun kathah sanget amalan –amalan utawi perbuatan ingkang kedah kito lampahi sakderengipun sholat jum’at lan katah sanget fadilah utawi ganjaranipun perbuatan puniko ,kados dhawuhipun gusti kanjeng  Nabi  Muhamad SAW,:

“Sinten tiyang ingkang adus/siram wonten ing dinten jum’at mongko den apuro saking piyambakipun pinten-pinten dosane .Lan nalikanipun mlampah/bidal dumateng panggenanipun sholat jum’at mongko gusti Alloh nyatet saben-saben sak-jangkaha ing ibadah rongpuluh tahun . Mongko tatkalane wong iku nglampahisholat jum’at mongko den ganjar kelawan amal rongatus tahun”.
Bahkan gusti kanjeng nabi pernah ngendiko:

“Sak temene anggonku sholat jum’at iku luwih ndemenake marang ingsun tinimbang haji sunat”.

Lan dipun ruwayataken malih wonten ing kitab durrotun nashikhin saking kitab Kangzul Akbar :

 “Saktemene gusti Alloh nitahakemalaikat kang ngadek ono ngisore  ‘aresy ,lan mlaikat iku anduweni  patang puluhewu sungu ,saben saben sungu siji temeko sungu sijine iku pelakon sewu tahun , lan ingatasesungu siji iku ono patang puluhewu baris songko malaikat,lan ingndalem peraupane malaikat siji iku ono srengengene, lan ingatase pundake malaikat siji ono rsmbulane,lan ingatase dhadane malaikat siji ono piro-piro lintang . Mongko nalikane ono ing dino jum’at mongko malaikat mau sujud kerono arahe Allah ta’la, lan malaikat mau matur ingdalem sujude “Allahummaghfir liman sholaa sholatal jum’ati min ummati Muhammadin SAW”. 

Lan Allah njawab “Hei malaikat ingsun podo neksenono siro kabeh saktemene imgsun wus paring pangapuro marang wong kang sholat jum’at”.

Milo saking puniko mangga kito tansah nglampahi kewajiban sholat jum’at ingkang ageng sanget fadhilahipun selagine mboten wonten uzur ingkang sanget . Lan mangga kito ajak sederek sederek kito lan tetanggitetanggi kito ingkang dereng kerso nglampahi sholat juma’at. Keranten tiyang puniko menawi mboten nngkampahi sholat jum’at dawuhipun Nabi Muhammad :

“Sinten tiyang ingkang tinggal sholat juma’at kelawan tapo uzur mangko wajib sodaqoh sak dinar, mongko lamun ora nemu ( nduweni ) sakdinar mongko separone”.

 “Lan sinten tiyang ingkang tinggal sholat jum’at laping telu kanti nuli nuli mongko ora ditompo persaksiane”.

Saklajengipun mangga kito sasreng sareng berdoa mugi mugi kito sedoyo dening Allah tansah dipun paringi taufiq, hidayah lan inayah, Allahumma amin yaa Robbal’alamin

0 komentar:

Post a Comment

RSS Feed

Top  blogs

Popular Posts